Selasa, 18 September 2018

Gebing Klapa Aking



layu layu sesambate kapiluyu
rino klawan ratri sesenggukan
udan waspo
anggrantes kekes kenging coba
kang tumama
awit sihing gusti
amadhangi jroneng nala.

ooo…
Innalillahi Wa Inna Ilaihi Rojiuun
Surem surem diwangkara king king
lir manungsa kang lelayon
dunyo ilang memanise
wadanannira layu
kumel kuceng rahnya mertani
ooo…..
dhuh gusti jejimat ingsun
eee………

Mati matek pratitis
golekko dalan padang kaki…
dalane gusti kang akarya widhi

surtanah
bantal lemah
krenda
layung
dungo tahlil
asesangu tumindak becik

sugeng tindak, ngadeng hyang maha kwasa

Semarang 19 September 2018

Tidak ada komentar:

Posting Komentar